PARIKAN
Walang kekek menclok ning rumpon
mabur maning menclok ning pari
aja ngenyek karo wong wadon
yen ditinggal lunga setengah mati
Omah gendheng tak sapuni
abot entheng tak lakoni
Walang abang menclok ning kara
walang biru walange putih
bocah lanang maning ora ngluyura
sing
Andheng-andheng ning pilingan
aja dipandeng mundhak kelingan
Walang ireng mabur mbrengengeng
walang ireng dawa sungute
yen dhe seneng aja mung mandeng
goleti ning endi umahe
Bisa nggambang ora bisa nyuling
bisa nyawang ora bisa nyandhing
Mikul suket dientul-entul
senenge banget nanging ora bisa kumpul
E.. ya iyo. Yae ya iyo iya iyoo
thekek kecemplung kalen
timbang golek aluwung balen
abang-abang ora legi
tiwas magang ora dadi
andheng-andheng ngisor lambe
tiwas mandeng
nggawa takir isine gule
mangan kupat lawuhe babat
aja mikir awake dhewe
delengen kerabat akeh sing mlarat
jam papat
nyumet kompor masak sarapan
dadi pejabat aja dadi koruptor
dadi koruptor golek suapan
kursi goyang sikile papat
nek berjuang aja golek pangkat
numpak dhelman nang Betawi
nek berjuang kudu wani mati
dalan sepur dilumpati
pengin makmur aja korupsi
gemak lontheng-lontheng
krasa penak ndengkang-ndengkeng
kicak jenang jahe
krasa penak meneng bae
susur mbako enak
turu kasur hawane kepenak
kodhok kalung kupat
awak boyok ora kuwat
enteng-enteng omah rayap
nangis ngereng njaluk ijab
iwak bandeng diwadhahi pithi
rupane nggantheng sandale lha kok dipeniteni
temanggung udan deres
dhuwur diambung, lha kok ngisor teles kebes
pring cagak radiyo
tambah njengking sangsoyo jero....nggone macul
sripat sripit ngombe tajin
srimbat srimbit tamba kepingin
ondho cilik ondho-ondhonan
ondho gedhe ondho tenanan
rondho cilik rondho-rondhonan
rondho gedhe rondho tenanan
iwak pitik dhadha menthok
lungguh dingklik ndondomi kathok
suroboyo kaline mati
loro boyok setengah mati...kakehan macul
beras larang kadu depikir
gedhang kepok gedhange rojo
bocahe sing mondhok lha kok di pek bojo
kain handuk hijo warnanya
aku tunduk apa adanya.....weleh...weleh
imogiri dulu baru piyungan
mandi dulu mas baru pacaran..
ngombe ciu sak gelasi
aku melu sak lawase....jan kepencut tenan
bir temulawak.......
yen dipikir ngrusakke awak
woh kates dibuntel klobot
jare les bimbingan tes lha kok mbobot..
peyek diremet-remet
yen ngenyek ojo banget-banget
kolang-kaling diirisi
yen eling konco bakal mukti
kebo ijo singosari
ojo do maido mundak nggegirisi
gentosiro
generasi de britto siji loro
pakan manuk..jenenge kroto
golek manuk..mlebu de Britto
mangan soto tempene limo
mlebu de britto ojo dadi homo
kantor pos kidul mlati
bokonge tepos kakean lari
mangan bakwan nambah ping pindho
tak kiro prawan jebule rondho
manuk camar manuk jalak
tiwas dilamar jebul ditolak
iwak sepat lambene mingkem
ngakune rapat jebul neng sarkem
awan awan mangan kuaci
ngakune prawan jebule banci
menek ondho golek kalong
ngakune ronda jebul neng ngebong
pit jengki ra nganggo setang
prawan saiki dho ra nganggo kutang
tuku klopo neng pasar loak
rondho ra popo sing penting penak
manuk blekok mangan dadap
njaluk rokoke dab!
manuk blekok nganggo stagen
sori bonyone pegen !
mangan sagu mangan katul
parikan wagu sing penting usul
Mangan kupat janure santen
Menawi lepat nyuwun pangapunten
Wong soleh
wong selamet
Ra Gowo Oleh oleh
Sing penting selamet
Tuku janur Digawe kupat
Kudu syukur lek nampi selamet
Tuku buah karo arem-arem
Anak sholeh Uripe tentrem
tuku buah ning pasar legi
tuku kuthuk entuk sapi
bocah sholeh akeh sing nyenengi
mbesok gedhene dadi kyai
Pantai Pangandaran
butuh pengamanan
Sopo seng pinter moco quran
Tondone tiyang beriman
Ono pelem rasane kecut
Dadi uwong mbok ojo pengecut
Cokro Tulung Sumbere Banyu
Kota Solo Sumbere wong Ayu
Konco -Konco Ojo Guyu
Yen eneng wong duwe bojo pitu
Kutho Yojo Sing Ayem
akeh wong ayu
bocahe enom
bojone telu.. hehehhe
Neng solo
Tuku wojo
Isih jomblo
Tulung goleke bojo
ono urang
ning lataran
ojo tukaran
numpak jaran neng kebonan
ora tukaran mung guyonan
Ning kebonan
akeh wit-witan
Lek guyonan
ojo kelewatan
jagung
ning tengah lataran
tersinggung
dadi tukaran
jenang abang rasa madu, campur putu tamba ngelih
dadi bujang ora tau metu, wis duwe putu ora tau mulih
Yu Painten Kleleken susur
Cekap semanten anggen kulo matur
njaluk susur neng mbah marijan,
susure cebleh amarga salah racikan.
parikan yo mung parikan,
umpami kesenggol ojo nganti dadi tukaran
neng
aku minggat aja digoleki
jombang peterongan
klambi abang keloyongan
(pegawai pam )
warung siti
okeh cawete
durung ngopi
aduh mumete
Buah dondong
di atas atep
dulu bencong
sekarang tetep
ngisor mejo ono ulane
sing dadi lak carane
kecik kecik isine sawo
rambute brintik koyok gendruwo
wong gendeng
wong edan
lekne ga ngganteng
ga keduman
Nyolong duren dipenthung pak lurah,
bu lurah adus kelangan bh,
ayo leren sinambi mlumah,
bareng tangi ono bu lurah wis gak gawe bh (bh ne uilang ...)
Kacang ijo enak rasane, lho ...
cang jo saiki nang ndi yo ..
suwe gak ketemu mbarek cang jo,
ngko gek cang jo ne
Suroboyo akeh plasane, ponorogo akeh reoge,
mediun akeh breme,
meduro akeh gareme, elemje akeh utange ....
oh koq malah sensus .. gak parikan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Semoga komentar Anda menjadi kebaikan kita bersama