Lucu lucuan



Cekelan Tapih

KAPER olih penghargaan seni sekang Walikota. Wujude duit. Jumlahe thikel papat akehe ketimbang gajihe dewekne. Sewise nyaur utang, Kaper nyisihna lima lembaran sing abang-abang nggo moci kambi kanca batir. Duit sing sejuta setengah kanggo depe motor anyar.
Wingi esuk Kaper njajal motore sing esih kinyis-kinyis. Wujude ireng mbesenges kemiclong. Stater lan gasse otomatis lan praktis. Tarikane gampang mencolot kaya kodok kaget. Dina Minggu esuk, niate Kaper arep muter-muter maring pasar kaget sing tumplek blek neng platarane balai kota lawas. Karepe deweke ajek bojo lan anak wadone sing umure nembe limang tahun. Sing lagi lucu-lucune.
"Wislah rika bae karo walad, aku ora usah melu ya ora papa," omonge bojone Kaper.
"Sih, bisane?" Kaper gumun.
"Kumbahane esih numpuk. Wis dekum kawit wingi mbokan mambu entut,"
"Lha koen pan pesen apa?" takone Kaper nawani.
"Tukuen bae panganan sing enak-enak nggo de pangan seuwise ngumbahi."
"Wis? Mung semeno thok pesene?"
"Ya pesen koen sing ngati-ati nggone mboncengna walad, embok ngantuk, cekelane aja nganti ucul," pesene bojone Kaper. Anak sing maune diemban deweke banjur dejagongna ning jok motor mburine Kaper.
"Tangane koen cekelan sing kenceng ya?" Welinge bojone Kaper maring anake nyambi nglapetna tengan anake maring wetenge Kaper.
"Cekelan sing kenceng temenan ya?" bojone Kaper ngemutna maning.
"Koen aja water toli, wis aku kekepi tangane kyeh karo lengene inyong," omonge Kaper. Bojone Kaper esih ngadeg neng jejere motor, wektu Kaper nyetater motor. Pas Kaper narik gas, bojone kaper ngemutna maning maring anake.
"Cekelan sing kencneg banget ya?"
Bareng sikil kiwane Kaper ngidek gigi nyambi narik gas, motore langsung melesat. Ora kelingan kue motor anyar, tarikan gasse amoh. Motor langsung mlayu kenceng. Ngeeeng….
Waktu kue uga bojone Kaper gemboran njaluk tulung.
Jebule, kejaba tangan tengen anake cekelan wetenge Kaper, tangan kiwane uga nyekeli tumpal tapihe biyunge. Kenceng nemen. Untunge anake Kaper ora njungkanang utawa menthal. Mung bojone kaper kewudan
.

Komentar budayawan Tegal, M Hadi Utomo, cerita ini mengandung adegan lucu. (Lebih lucu lagi kalo yang kagak ngerti bahasa Tegal ikut ngakak ya.... )

Komentar

Posting Komentar

Semoga komentar Anda menjadi kebaikan kita bersama

Postingan populer dari blog ini

Seniman Tegal Dapat Penghargaan

AKSI REBOISASI MAHASISWA TURUT HIJAUKAN SESAOT

Kampung Emping Bumiayu