Sambut Peresmian Museum Bahari Tegal

Rebutan Anget

Dèstowo gipyak maring omahè Kapèr. Dèwèkè arep jujug uleman. Wulan ngarep DS arep nikah, sekaliyan takon soal wektu buka klambu alias malam pertama. Sebabè DS durung bisa mbayangna. Bareng Kapèr wis maca isi ulamanè, DS langsung takon.
“Aku janè duwè pitakonan karo kowen,"
"Soal apa janè kayong yaher nemen?"
"Wingi calon bojonè inyong kirim èsèmès soal rencana hanymoon,"
"Wuih, kayong okèm nemen,"
”Iya sih, tapinè inyongè durung bisa njawab pè-èrè,"
"Apa janè isi pitakonanè?"
"Gyèh," DS nidokna tulisan ning hapè sekang calon bojonè.
'Pas malam pertama kowen pilih endi sing paling enak, antarane turu ning dhuwur kasur empuk, ning ngingsor kemul anget utawa ning kamar sing ngganggo AC?"
Kapèr mikir sedèla, terus nembè ngomong.
”Mending kowen milih ning kamar AC."
"Alesanè apa?"
”Bèn kowen karo bojo bisa rebutan anget!" jawabè Kapèr.
Dèstowo ndongong nHamidin Krazan

Catatan: jebule ana pembaca Nirmala Post sing ora seneng karo lelucone inyong (nyong, bahasa tegalan), deweke kirim sms kasih pingkopang-kaping, tapi ora maring hapene redaktur atau hape sms pembaca, tetapi hapene mantan redaktur rubrik senibritis. Pertanyaanya! Jika ingin meralat mengapa harus dengan bahasa yang tendensius? Setidaknya ada secercah cahaya (ndaru kontemporer) ternyata..... tidak semua niat baik disambut suka cita, bahkan niat melawakpun malah jadi DUKA PSIKIS.... (Nah, anehdot ini tidak jadi saya tayangkan di Nirmala Post, karena dalam hidup kita harus saling menghargai pendapat orang lain.

Inilah SMS itu:

Anehdotegalan kehilangan ruh tegale, bandek2 ora nggenah, Destowo2 waduke. (SMS 08783002XXX)



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Seniman Tegal Dapat Penghargaan

AKSI REBOISASI MAHASISWA TURUT HIJAUKAN SESAOT

Kampung Emping Bumiayu