Lelucon Menuai Kritik

Nunut Goyang

KANG Destowo alias DS wis arep telung tahun urip nang Kota Tegal. Dèwèkè manggon neng omah kontrakan sekulonè mesjid. Dina Jumat èsuk Kang Dasmad mampir maring kontrakanè DS. Deweke lagi njagong lèyèh-lèyèh kambi ngringokna 'Tetes Banyu Mata' lagunè Aas Rolani sekang VCD playèr.
“Gènèng VCD-nè laka goyangè Des?” takonè Kang Dasmad
“Ngormati. Kiye kan dina Jumat, dadinè gambarè ora katon Kang.”
“O, artisè arep ngaji?" Kang Dasmad nglèdèk
DS ngguyu cekikikan.
"Dadi nèk dèputer dina Saptu tah ana gamabrè o, ya?" ujarè Kang Dasmad
"Ya durung. Ko, nunggu dina Senèn nembè lengkap,"
"Ajib ah! Bisanè kaya kuwè sih kenangapa Des?"
“Dina Minggune VCD kiye pan didol ning pasar loak Kang, trus nggo tuku kaset sing anyar ning kulon alun-alun,"
"Trus dèputerè nganggo apa?"
"Gawa nggonè rika, diputer ning kana. Nunut goyang Kang!" nHamidin Krazan

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Seniman Tegal Dapat Penghargaan

AKSI REBOISASI MAHASISWA TURUT HIJAUKAN SESAOT

Kampung Emping Bumiayu