Tiarap Ala Ibu

Rebutan Anget

DÈSTOWO gipyak maring omahè Kapèr. Dèwèkè arep jujug uleman. Wulan ngarep DS arep nikah, sekaliyan takon pengalamane Kapèr wektu bukakan klambu alias belah durèn atawa malam pertama. Sebabè DS durung bisa mbayangena. Bareng Kapèr wis maca isi ulamanè, DS langsung takon.
“Aku janè duwè pitakonan karo kowen,"
"Soal apa janè kayong gethol temen?"
"Wingi calon bojonè inyong kirim èsèmès soal rencana hanymoon,"
"Wuih, rencananè kayong wis okèm yah?"
”Iya sih, tapinè inyong durung bisa njawab pè-èrè,"
"Apa janè isi pitakonanè?"
"Gyèh," DS nidokna tulisan ning hapè sekang calon bojonè.
'Pas malam pertama kowen pilih endi sing paling enak, antarane turu ning dhuwur kasur empuk, ning ngingsor kemul anget atawa ning kamar sing ngganggo AC?"
Kapèr mikir sedèlèt, terus nembè awèh pendapat.
”Mending kowen milih ning kamar AC baè."
"Alesanè apa?"
”Bèn kowen karo bojo bisa rebutan anget!" jawabè Kapèr.
Dèstowo ndongong. Deweke dudu mikirna angetè, tapi masalah manè sing nggo mbayar hotèlè nHamidin Krazan

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Seniman Tegal Dapat Penghargaan

AKSI REBOISASI MAHASISWA TURUT HIJAUKAN SESAOT

Kampung Emping Bumiayu